Minggu, 30 Oktober 2011

WAHDATULWUJUD


Wujuding wijil wahyuning wangsit

Wiyoto woting waskitha kang winasis

Jajaning janma jatining jasad

Jumujuging jaladara jantra jinajah.

Amrih amining amaranti

Amina mastani mantra mastadi

Samudananing samudra samun

Sesongaran sasat susantiningrum.

Mungguh asmaning mung kanggo mupus

Dipeh prana nalika daruna dumateng

Tebining dhandhaka anyatrani

Lubering ludira anebaki daruni.

Najan hamung kinanthi sih utami

Awit diniyati tan kenging rinuyit,

Anggraitaa murih wekasanipun jrih

Muncrat handalidir mring bantala.

Tiba grahaning Hyang Suksma

Memitri awit saking nggenira

Njangkah tan angoncati

Tibaning Rohul Kudus amrih miranti.

Jinantra ontran-ontran kang amurwat

Murwating angkara murka

Nabrak, nunjang, ngobok-obok

Nggelar kadurjanan

Ngobrak-abrik tatanan

Salang-tunjang

Gede-cilik tanpa wirang.

Ana jalma mimba Gusti

Ngaku Allah sinarawedi

Ngendi ana titah padha karo Gusti

Kadunungan iblis pinasthi.

Manunggal kuwi ‘ra teges sami

Hamung celak raket ring Gusti

Hamung Allah kang pinuji-puji

Ya mung jalma najan wali.

Nyuwun ngapura mring Hyang Widhi

Wani nranyak mring Malikul’alam

Wus madhani Sing Gawe Urip
Dudu kuwi wahdatulwujud.
Sing bener kuwi ya mung aran titah
Ora samar angambrah-ambrah
Aja nerak hukume lumrah
Kawistra ora narimah.
Duh Gusti Kang Maha Lestari
Mugi kersa paring lubering pangastuti
Kang samya memesu ring karsaning Gusti

Najan sasarsusur yekti.<photo id="1" />